Jawaban bahasa jawa

2020-10-19

1. Awujud apa wae adat istiadat masyarakat Jawa iku?

  • Selametan/upacara turun temurun.
  • Ruwatan.
  • Tradisi nikah.
  • Tedhak siten.

2. Apa wae adat istiadat kang ditindakake minangka adicara pribadi?

  • Silaturahmi antar anggota keluarga

3. Apa wae adat istiadat kang ditindakake minangka adicara umum?

  • Upacara
  • Srawung

4. Apa kang diarani upacara tingkeban?

  • Tingkepan yaiku tata cara lan tata upacara masyarakat Jawa sing dilaksanakake wektu kandutane wong wanita umur pitung sasi lan mbobot sing sepisanan

5. Kepriye tata rakite upacara tingkeban?

  • Siraman ditindakake dening pitung pinituwa. Tegese njaluk berkah, saengga murni jasmani lan mental. Sawise upacara siraman rampung, banyu ing kendhi pitung spring digunakake kanggo ngumbah rai, sawise banyu ing kendhi wis entek, kendi mau pecah.
  • Nyisipake endhog pitik asli menyang kain (sarong) calon ibu dening garwa liwat kain (sarong) nganti pecah, iki minangka simbol pangarep-arep yen bayi bakal lair kanthi lancar, tanpa alangan.
  • Ganti nyamping kaping pitu ganti, diiringi kain putih. Kain putih minangka dhasar sandhangan kaping pisanan, sing nglambangake manawa bayi sing bakal lair iku suci, lan entuk berkah saka Gusti Allah SWT. Diiringi pitakon apa cocog apa ora, nganti kaping nem wangsulan para wanita sing melu, "ora cocog. "Nganti kaping pitu suwene nganggo kain sederhana jawabane pantes".

6. Apa wae ubarampe kang digunakake ing upacara adat tingkeban?

  • Tumpeng kuat
  • Jajan Pasar
  • Keleman
  • Rujakan
  • Dawet
  • Sajen

7. Apa kang diarani tedhak siten?

  • Upacara sing dilakoni pas wayah bayi kang wis umure 7 wulan upacara iku enten ing jawa tengah

8. Kepriye tata rakite upacara tedhak siten iku?

Ingkang kapisan, bocah dituntun ibune mlaku maju lan ngidhak jadah 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng. Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.

Ingkang kaping pindho, bocah dituntun munggah taangga ingkang kagawe saking wit tebu “arjuna” lajeng mudhun maneh. Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep. Tebu “arjuna” nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.

Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.

Ingkang kaping sekawan, bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan dilambari klasa, ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya pari sabengket, kapuk sabengket, Piranti nulis, bokor kang diisi beras kuning, werna-werna jinis dhuwit, lan sk jinising perhiasan. Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.

Ingkang kaping lima, bapak lan simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung, dheweke gampang nggolek rejeki.

Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu setaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi, mawar, kenanga lan kanthil

9. Ubarampe apa wae kang digunakake ing upacara adat tedhak sinten?

  • Jadah warna
  • Andha tebu arjuna
  • Kurungan
  • Siraman

10. Kepriye tata rakite upacara panggih temanten?

  • Penyerahan Sanggan
  • Balangan Gantal
  • Ngidhak Tigan
  • Sinduran
  • Bobot timbang
  • Ngombe rujak degan
  • Kacar kucur
  • Dulangan
  • Ngebekten